Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 5




ULANGAN TENGAH SEMESTER (UTS) 1
SD  NEGERI KASIN KOTA MALANG
TAHUN PEMBELAJARAN  2015 / 2016
Matapelajaran  : Bahasa Jawa                                                                              Nama    :
Hari / Tanggal     : ...........................................                                                    Kelas     : V (Lima)
 

-BANJIR
Mangsa rendheng saben dina mesti udan. Udane deres, gludhug, bledheg, angin lesus lan thathit prasasat sesamberan. Wingi bengi malem Minggu udane deres banget. Wiwit sore nganti tengah wengi.
            Esuke dina Minggu, udan maneh, udane luwih deres malah kedadean banjir bandhang. Watara jam sanga krungu swara pating jlerit. “Tulung, tulung…, banjir, banjir….”.
            Pak Sumitra ketua RW kang manggon ana sacedhake sitren kali Brantas, metu karo anake sing mbarep. Bareng weruh banyu kali amber lan iline banter banget pratandha banjir, enggal-enggal ngajak keluargane metu saka ngomah supaya slamet.
Omah-omah sapinggire kali Brantas akeh sing padha ketrajang banjir, ana sing rubuh, ana uga mung rusak payone. Yen dieting kerugian marga banjir iki akeh, ana jutaan rupiah.
Wong-wong kang kena prastawa iki sawatara padha ngungsi ing sekolahan, pendhapa kelurahan la nana kang ngungsi menyang sedulure. Pak Suwanto yaiku pak lurah lan andhahane ora mung meneng wae pirsa kahanan kuwi, nanging padha ngasta bantuan pangan, obat-obatan lan sandhangan. Kabeh bantuan iki ancas tujuane mung kepingin ngenthengake wong-wong sing kena musibah banjir, perasaane padha susah amarga kelangan omah.

I.    Wangsulana kanthi patitis!
1.    Ing mangsa apa umume udan deres?
2.    Kapan ana udan deres banget?
3.    Kepriye omah-omah ing pinggir kali?
4.    Sapa sing daleme sacedhake kali Brantas?
5.    Apa kang ditindakake Pak Sumitra bareng weruh yen ana banjir?
6.    Menyang ngendi wong-wong sing kebanjiran anggone ngungsi?
7.    Sapa asmane Pak Lurah sing maringi bantuan?
8.    Arupa apa bae bantuan saka kelurahan?
9.    Apa tujuane Pak Lurah lan andhahane paring bantuan?
10. Kepriye perasaane wong-wong sing lagi kena musibah banjir?

II.   Wenehana tandha ping  (x) sangarape wangsulan sing bener!
11. Sayuran sing ditandur arupa bayem, kangkung, sawi, terong, lan Lombok iku mumpangati kanggo keluarga. Tembung mumpangati padha tegese . . . .
a.    akeh gunane                  b. ora ana gunane   c. ilang gunane        d. suwe gunane
12. Coban Randa iku . . . . ana ing daerah Batu.
a.    manggoni                                    b. panggonan           c. panggonane         d. manggon
13. Murid-murid kelas 5 rekreasi menyang museum. Ukara iki kalebu ukara …..
a.  pitakon
c. pakon
b.  andharan
d. andhahan
14. Sing kalebu ukara andharan ing ngisor iki …..
a. Bapak ngagem ageman batik.
c. Bapak ngagem opo?
b. Sopo sing ngagem ageman batik?
d. Bapak ngagem-ageman batik!
15. Woh-wohan sing wis tuwa diundhuhi banjur diedol dening Pak Sarmin sing pegaweane dodolan ana pasar. Ater-ater ing tembung diundhuhi kalebu ater-ater . . . .
Ukara ing ndhuwur kalebu ukara …..
a.    madya purusa                b. tripurusa                c. purarusa                d. utama purusa
16. Ukara ing ngisor iki sing bener …..
a. sopo sing nganggo klambi abang!
c. geneya aku ora mlebu sekolah
b. omahmu ono ngendi.
d. piro regane buku iki?
17. Para warga sarujuk nganakake kerja bakti ngresiki lingkungan, supaya katon asri.    Tembung sarujuk tegese . . . .
a.    emoh                    b. ngalih                    c. seneng                  d. setuju
18. Samubarang gegayuhan mbutuhake wragat, diperibasakake . . . .…..
a.    kaya banyu karo lenga                         c. ana catur mungkur
b.    cebol nggayuh lintang                          d. jer basuki mawa bea
19. Aji godhong garing. Paribasan iki tegese . . . . . …..
a.    wong kang ora bisa nyimpen wewadi           c. arep nemu kebagjen, ning ora sida
b.    njagakake barang mung sak oleh-olehe       d. wis ora ana ajine / asor banget
20. Aminah menyang pasar tuku klambi. Ukara iki kalebu basa …..
a. ngoko lugu           b. ngoko alus                        c. krama lugu            d. krama madya
21. Mas Firman budhal sekolah jam enem esuk. Wasesane ukara iki budhal, dene lesane . . . .
a.    jam enem esuk               b. sekolah                  c. mas Firman           d. budhal
22. Aku wingi ora mlebu sekolah  . . . lunga.
a.    amarga                             b. jalaran                    c. sebab                     d. mula
23. Cacahe wanda saben sagatra diarani guru . . . . …..
a.    wilangan                         b. gatra                       c. lagu                                    d. kelas
24. Kala wingi bapak tindak Kediri nitih sepur. Ukara iki kalebu basa…..
a. karma madya        b. karma inggil                      c. karma alus                        d, karma lugu
25. Mangsa rendheng iku mangsa akeh udan. Kosok baline rendheng . . . .
a.    pagebluk                         b. ketiga                     c. panas                     d. paceklik
26. Bumi gonjang-ganjing, omah-omah padha rubuh amarga ono …..
a. angin lesus                       b. banjir                      c. bledeg lan Guntur           d. lindhu
27. Musibah banjir iku akeh kapitunane, mula kita kudu . . . . korbane.
a.    nuturi                   b. nuruti                     c. mbantu                  d. ngrewangi
28. Kacilakan iku tembung andhahan (kata jadian), tembung linggane . . ..…..  
a.    kacilaka               b. cilaka                     c. cilakan                   d. cilak
29. Dadi bocah kuwi ojo adigang, adigung, …..
a. adi busana            b. adi nugraha          c. adi guna                d. adi raharjo
30. Layang kuwi ana perangane, isine layang diarani . . . . …..
a.    wasana                b. surasa                    c. peprenah               c. adawiyah
31. Malang, 12 Oktober 2015 ing layang perangan iku diarani . . . .
a.    wasana basa      b. papan titi mangsa            c. bebuka                   d. surasa
32. Narti sregep nyiram kembang. Ukara iku yen ditulis aksara jawa . . . . .
a. 
c.

b.
d.

33.  Kembang jagung dipethik cina
Barang wis kadhung dikapakna
Unen-unen ing dhuwur  diarani . . . .
a. bebasan                c. paribasan                          c. parikan                   d. saloka
34. Bocah sing ora bisa rukun karo kancane iku paribasane …..
a. koyo banyu karo lengo
c. koyo geni karo lengo
b. koyo banyu karo geni
d. koyo lengo karo lengo
35. Ghundul-gundhul PAcul kalebu tembang dolanan. Dene Pangkur kalebu tembang . . . .
a.    tengahan b. dolanan                             c. macapat                 d. gedhe

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
36. Ibu lunga menyang pasar tuku gula abang. krama inggile ukara iki ..............................
37. Coba jelasno usahamu supaya pekarangan sekolahmu bisa asri!
38. Apa tegese paribasan “kaya banyu karo lengo”?
39. Mbah Marijan njaga alas ing gunung Merapi. Yen diudal manut wangune ……
jejer               = ............................................................................................................................
wasesa         = ............................................................................................................................
lesan            = ............................................................................................................................
katrangan    =.............................................................................................................................     
40. Tulisen nganggo aksara jawa unen-unen iki : adigang, adigung, adiguna!


***************************** Selamat Mengerjakan *****************************
ULANGAN TENGAH SEMESTER I (UTS I)
SDN KASIN KOTA MALANG
TAHUN PELAJARAN 2015-2016
 

Mata Pelajaran      :                                                                 Bahasa Jawa________________ Kelas         :                            5 (lima)
Waktu                 :    60 menit                                                   Nama      :    ____________________
 

KUNCI JAWABAN
I.       Isian
1.     tahun 1894
2.     Sri Sultan Pakubuwono X
3.     10.000 golden
4.     Jerman
5.     Karl Benz
6.    John C Potter
7.    Digawe saka kayu nganggo ban karet mati
8.    banter sepeda montor
9.    Thailand
10.  Indonesia

II.      Pilihan
11. b
16. d
21. b
26. b
31. d
12. a
17. d
22. a
27. c
32. a
13. b
18. b
23. b
28. a
33. a
14. a
19. a
24. b
29. c
34. c
15. b
20. a
25. a
30. c
35. b

III.    Uraian
36. Ibu tindak dateng peken mundhut gendhis abrit
37. – sopo sing ngunjuk jamu beras kencur?
      - kapan eyang ngunjuk jamu beras kencur?
      - mau esuk eyang ngunjuk opo?
38. Wong sing ora bisa rukun
39.  jejer               = Danang
      wasesa           = mangan
      lesan               = bubur ayam
     katrangan       = ing teras
40.


Nilai = Jumlah skor benar    x  100
                         60
 
Skor
I    =  10 x 2          = 20
II   =  25 x 1          = 25
III  =   5  x 3          = 15___
Jumlah                = 60


Previous
Next Post »
0 Komentar