Soal Bahasa Jawa Kelas 5 Bagian 4



Ulangan Basa Jawa
Tema 5

Nama          :
No              :
Semaken wacan ing ngisor iki!
Kali Brantas
           
            Ing Jawa Timur ana salah siji kali sing duwe akeh manfaat kanggo masyarakate. Ora liya yaiku Kali Brantas. Kali iki mili saka Desa Sumber Brantas, Kota Wisata Batu. Saka Batu, Kali Brantas banjur mili menyang Kutha Malang, Blitar, Tulungagung, Kediri, lan Jombang. Sawise tekan Jombang, kali iki banjur mili menyang Mojokerto. Ing Mojokerto, Kali Brantas banjur pecah dadi rong aliran, yaiku Kali Porong lan Kali Mas. Kali Porong mili menyang Kabupeten Sidoarjo. Kali Mas mili menyang Kutha Surabaya.
Kali Brantas duwe mupangat sing gedhe. Alirane bisa mileni sawah ing sakiwa tengene. Ing Kediri, Kali Brantas dadi denyut uripe wong Kediri sing akeh ngasilake pari saben tahune. Ing Tulungagung, kali iki kerep digawe papan mancing wong-wong sing seneng mancing lan ngingu ing karamba. Iwak mujair, iwak wader, lan iwak jendhil diasilake saka kali iki. Wong Blitar lan Malang nggawe ilene kali iki kanggo ngasilake energi listrik ing PLTA. Ana PLTA Karangkates ing Malang lan PLTA Wlingi ing Blitar. Alirane Kali Brantas sing santer naging ora nggarai pusara dienggo wong Batu kanggo olahraga rafting.
Akehe manfaate iku mau bisa tetep ana yen masyarakat bisa njaga ekosistem ing kana. Ora mung nggawe wae, masyarakat kudu bisa njaga supaya Kali Brantas tetep lestari. Manungsa mbutuhake kewan lan tetanduran ing sakitare Kali Brantas. Kewan lan tetanduran ya mbutuhake manungsa. Nanging, saiki Kali Brantas wis mulai katon rusak ekosisteme jalaran kegiatane manungsa. Lumpur Lapindo Sidoarjo wis nggarai banyu ing Kali Porong dadi reged, akeh iwak sing mati. Pabrik-pabrik ing Malang lan Surabaya uga ngrusak isine Kali Brantas. Sejanan Kali Brantas wis mulai rusak, naging masyarakat Jawa Timur kudu tetep njaga karesikane Kali Brantas supaya mupangate tetep bisa dijaga lan tetep ana.

Ayo wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1.        Ing ngendi wae Kali Brantas mili?
2.        Kali Brantas pecah dadi rong aliran.Coba sebutno rong aliran Kali Brantas lan papan miline!
3.        Apa mupangate kali Brantas ing Kutha Kediri?
4.        Iwak apa wae sing dipancing wong-wong Tulungagung ing Kali Brantas?
5.        Sebutno rong PLTA sing nganggo alirane Kali Brantas!
6.        Geneya wong Batu bisa nganggo Kali Brantas kanggo olahraga Rafting?
7.        Manungsa, kewan, lan tetanduran padha mbutuhake. Iku sing diarani apa>
8.        Kepriye kahanane Kali Brantas saiki?
9.        Apa sebabe iwak ing Kali Porong padha mati?
10.     Kepriye carane supaya mupangate Kali Brantas tetep ana?

Pilihen aksara a, b, c, utawa d minangka wangsulan sing paling bener!
11.    Ing ingisor iki sing ora kelebu iwak tawar yaiku.........
a.       mujair                    b. wader                      c. dorang                  d. jedhil
12.    Sing kalebu ekosistem alam yaiku.........
a.       kali                        b. sawah                      c. kolam                    d.  taman
13.    Kali Brantas ora mili ing tlatah Kabupaten......
a.       Malang                  b. Blitar                       c. Pasuruan               d.  Sidoarjo
14.    Bapak lagi menyang Jakarta mau esuk. Ukara iku diarani ukara...............
a.       tanggap                 b. andharan                 c. pitakon                 d.  Pakon

15.    Ukara kang surasane awujud perintah marang wong liya diarani ukara...............
a.       tanggap                 b. andharan                 c. pitakon                 d.  pakon
16.    Ayo padha njaga karesikan Kali Brantas! Ukara kuwi diarani ukara...............
       a.   tanggap                 b. andharan                 c. pitakon                 d.  pakon
17.    Nur, aja nglamun wae, apa sing........pikir?
a.       ko                          b. di                            c. dak                       d. ke
18.    Ajining diri dumunung ana ing..........
a.       lathi                       b. rejeki                       c. ngati                     d. pribadi
19.    Diwenehi sethitik jaluk akeh, diwenehi ati ngrogoh............
a.       gela                       b. rempela                   c. teka                       d. bebaya
20.    Alirane Kali Brantas santer. Kosok baline santer yaiku..........
a.       suwe                     b. cilik                         c. alon                       d. Meneng

Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki!
21.    Nduk, menthokmu apa wis..........pakani?
22.    Bukune arep ...........waca, aja koksilih dhisik!
23.    Aja mung inggah-inggih wae nanging ora...........
24.    Mau bengi ibuk njlauk wuruk nganggo WA marang adhik. Kaya paribasan Kebo nusu....
25.    Bu Siti mundhut rujak bakso. Yen digawe ukara pitakon dadi....................
26.    Kahanane kaluargane Pak Suta saiki wis bebaya, kaya ancik-ancik ing pucuke...........
27.    Iwak lele kuwi ana ing ekosistem................
28.    Panggonan kanggo ngingu iwak ing kali diarani...........
29.    Pabrik-pabrik ing Malang lan Surabaya uga ngrusak isine Kali Brantas. Kosok baline ngrusak yaiku...........
30.    Samubarat abang ing sisih kulon pertandha wayah.............
Previous
Next Post »
1 Komentar
avatar

Wow, hebat mata pak guru yang satu ini. Ada juga soal Bahasa Jawa. Awesome deh, pak :)

Balas