Soal Bahasa Jawa Kelas 5 Bagian 3



Soal Ulangan
Bahasa Daerah
Nama  :
Kelas   : V A/B/C
No       :
Mbangun Dalan Desa

            Dalan-dalan ana ing desa saiki wis apik banget. Wis akeh sing padha diaspal ananging uga ana sing makadam. Yen wayah dina Minggu, warga Kasin padha sregep tandang gawe gugur gunung ndandani dalan-dalan sing ana sakiwa tengene kang mari rusak. Kerja bakti mau dipandegane dening Bu Lurah. Para warga sing nekani kerja bakti padha sayuk rukun tandang gawe bebarengan.
            Anggone tandang gawe kanthi sregep banget. Ana sing ngratakake dalan, ana sing nambal dalan sing growak, ana sing njerokake kalenen lan liyan-liyane. Sing perlu digarap dhisik yaiku njerokake kalenan supaya yen mangsa rendheng banyune bisa lancar iline lan ora bakal ndadekake banjir. Ibu-ibu padha nggawa cagak lek, supaya Bapak-bapak sing kerja bakti ora padha ngantuk.
            Warga Kasin pancen sregep banget yen diajak kerja bakti. Senajan kerja bakti mau mung dianakake saben dina minggu, nanging kahanane desa saya suwe saya katon asile. Mula gotong royong sing mangkono mau perlu dilestarekake lan disengkuyung amrih desane dadi aman, tentrem, lan makmur.

Wangsulana pitakon-pitakon iki nganggo jawaban sing bener!
1.      Sapa sing nindakake kerja bakti?
Jawab : …………………………………………………………………………………………………………
              …………………………………………………………………………………………………………
2.      Kerja bakti mau dipandegani dening sapa?
Jawab : …………………………………………………………………………………………………………
              …………………………………………………………………………………………………………
3.      Apa sing perlu ditandangi sajroning kerja bakti mau?
Jawab : …………………………………………………………………………………………………………
              …………………………………………………………………………………………………………
4.      Saben dina apa dianake kerja bakti?
Jawab : …………………………………………………………………………………………………………
              …………………………………………………………………………………………………………
5.      Apa wae sing perlu dilakoni supaya desane mana, tentrem, lan makmur?
Jawab : …………………………………………………………………………………………………………
              …………………………………………………………………………………………………………
Pilihen aksara a, b, c, utawa d sangarepe wangsulan sing mbok anggep bener!
6.   Gunemane wong tuwa karo bocah sing during ditepungi nganggo basa…….
a.       ngoko lugu              b.   ngoko alus                      c.    krama lugu                  d.    krama alus
7.   Simbah dhahar sekul pecel wonten ngajeng. Ukara iki kalebu basa…..
a.       ngoko lugu              b.   ngoko alus                      c.    krama lugu                  d.    krama alus
8.   Rambut krama inggile ……………
a.       asta                         b.   soca                                c.   rikma                           d.   lathi
9.   Adhik turu ing kamar ngarep. Ukara iki kalebu basa……..
a.       ngoko lugu              b.   ngoko alus                      c.   krama lugu                   d.   krama alus
10.  Basa kang kadadeyan saka basa krama inggil lan basa kawi diarani basa….
a.       murda                     b.   rinengga                         c.  sansekerta                     d.   krama
11.  Bu Siti turu ing kamar. Tembung turu mesthine………….
a.       sare                         b.   tilem                               c   bubuk                           d.   miyos  
12.  Abang mbranang iku kalebu tembung …………
a.       garba                       b.   entar                               c.   saroja                           d.   camboran
13.  Gugur gunung tegese……….
a.       kerja bakti               b.   kadingaren                     c.   mudhun gunung          d.   endah banget
14.  Lunyu ilate tegese ………..
a.       serik                        b.   mencla-mencle               c.   criwis                           d.   seneng ngrasani
15.  Fadhil iku pancen bocah sing ……………………., mula dheweke dadi juara kelas tekan kelas siji
a.       cupet nalare            b.    gedhe endase                c.   landhep dhengkule      d.   landhep pikire

Cecek-cecek ing ngisor iki isenana nganggo wangsulan sing mathuk!
16.  Wong sing nembang ing pawayangan diarani……………….
17.  Ing pawayangan, panggonane Pandhawa ing sisih tengen nggambarake watake sing becik, kayata ………… lan …………..
18.  Basa krama lugu uga diarani krama……………
19.  Tembung silihan sing tegese dudu teges semestine diarani tembung………….
20.  Wong-wong padha melekan bengi, mula ibu-ibu padha nyiapake ………………….. supaya ora padha ngantuk. Tembung entar sing mathuk yaiku …………….
21.  Dadi bocah aja dawa tangane, mengko ora bakal dipercaya wong liya. Dawa tangane tegese …………….
22.  Pakdhe kala wingi mundhut sepatu wonten peken. Pakdhe iku salah sijine tembung camboran saka tembung………………………… lan ………………………….
23.  Sapi, wedhus, kebo, lan sapanunggalane diarani …………………..
24.  Sitoresmi nganggo klambi abang mau bengi. Ukara iki yen diowahi dadi basa krama alus yaiku……………………………………..
25.  Tembung sing mbangetake diarani tembung ………………….

Wong sing akeh omonge biasane ora ono isine, ayo enggal digarap aja ngomong wae

Previous
Next Post »
1 Komentar
avatar

Wuiiih, mantabs bener ini ada soal2 dalam Bahasa Jawa. Kudu ditemenin sama orang Jawa nih ngisi pertanyaan2nya :)

Balas