Ulangan
Basa Jawa
Tema
5
Nama :
No :
Semaken wacan ing ngisor iki!
Kali
Brantas
Ing Jawa Timur ana salah siji kali
sing duwe akeh manfaat kanggo masyarakate. Ora liya yaiku Kali Brantas. Kali
iki mili saka Desa Sumber Brantas, Kota Wisata Batu. Saka Batu, Kali Brantas
banjur mili menyang Kutha Malang, Blitar, Tulungagung, Kediri, lan Jombang.
Sawise tekan Jombang, kali iki banjur mili menyang Mojokerto. Ing Mojokerto,
Kali Brantas banjur pecah dadi rong aliran, yaiku Kali Porong lan Kali Mas.
Kali Porong mili menyang Kabupeten Sidoarjo. Kali Mas mili menyang Kutha
Surabaya.
Kali
Brantas duwe mupangat sing gedhe. Alirane bisa mileni sawah ing sakiwa tengene.
Ing Kediri, Kali Brantas dadi denyut uripe wong Kediri sing akeh ngasilake pari
saben tahune. Ing Tulungagung, kali iki kerep digawe papan mancing wong-wong
sing seneng mancing lan ngingu ing karamba. Iwak mujair, iwak wader, lan iwak
jendhil diasilake saka kali iki. Wong Blitar lan Malang nggawe ilene kali iki
kanggo ngasilake energi listrik ing PLTA. Ana PLTA Karangkates ing Malang lan
PLTA Wlingi ing Blitar. Alirane Kali Brantas sing santer naging ora nggarai
pusara dienggo wong Batu kanggo olahraga rafting.
Akehe
manfaate iku mau bisa tetep ana yen masyarakat bisa njaga ekosistem ing kana. Ora
mung nggawe wae, masyarakat kudu bisa njaga supaya Kali Brantas tetep lestari.
Manungsa mbutuhake kewan lan tetanduran ing sakitare Kali Brantas. Kewan lan
tetanduran ya mbutuhake manungsa. Nanging, saiki Kali Brantas wis mulai katon
rusak ekosisteme jalaran kegiatane manungsa. Lumpur Lapindo Sidoarjo wis
nggarai banyu ing Kali Porong dadi reged, akeh iwak sing mati. Pabrik-pabrik
ing Malang lan Surabaya uga ngrusak isine Kali Brantas. Sejanan Kali Brantas
wis mulai rusak, naging masyarakat Jawa Timur kudu tetep njaga karesikane Kali
Brantas supaya mupangate tetep bisa dijaga lan tetep ana.
Ayo wangsulana pitakon-pitakon ing
ngisor iki!
1.
Ing ngendi wae Kali Brantas mili?
2.
Kali Brantas pecah dadi rong aliran.Coba
sebutno rong aliran Kali Brantas lan papan miline!
3.
Apa mupangate kali Brantas ing Kutha
Kediri?
4.
Iwak apa wae sing dipancing wong-wong
Tulungagung ing Kali Brantas?
5.
Sebutno rong PLTA sing nganggo alirane
Kali Brantas!
6.
Geneya wong Batu bisa nganggo Kali
Brantas kanggo olahraga Rafting?
7.
Manungsa, kewan, lan tetanduran padha
mbutuhake. Iku sing diarani apa>
8.
Kepriye kahanane Kali Brantas saiki?
9.
Apa sebabe iwak ing Kali Porong padha
mati?
10. Kepriye carane supaya mupangate Kali Brantas
tetep ana?
Pilihen
aksara a, b, c, utawa d minangka wangsulan sing paling bener!
11. Ing
ingisor iki sing ora kelebu iwak tawar yaiku.........
a. mujair b. wader c. dorang d. jedhil
12. Sing
kalebu ekosistem alam yaiku.........
a. kali b. sawah c. kolam d. taman
13. Kali
Brantas ora mili ing tlatah Kabupaten......
a. Malang b. Blitar c. Pasuruan d. Sidoarjo
14. Bapak
lagi menyang Jakarta mau esuk. Ukara iku diarani ukara...............
a. tanggap b. andharan c. pitakon d. Pakon
15. Ukara
kang surasane awujud perintah marang wong liya diarani ukara...............
a. tanggap b. andharan c. pitakon d. pakon
16. Ayo
padha njaga karesikan Kali Brantas! Ukara kuwi diarani ukara...............
a. tanggap b.
andharan c. pitakon d. pakon
17. Nur,
aja nglamun wae, apa sing........pikir?
a. ko b. di c. dak d. ke
18. Ajining
diri dumunung ana ing..........
a. lathi b. rejeki c. ngati d. pribadi
19. Diwenehi
sethitik jaluk akeh, diwenehi ati ngrogoh............
a. gela b. rempela c. teka d. bebaya
20. Alirane
Kali Brantas santer. Kosok baline santer yaiku..........
a. suwe b. cilik c. alon d. Meneng
Isenana
ceceg-ceceg ing ngisor iki!
21. Nduk,
menthokmu apa wis..........pakani?
22. Bukune
arep ...........waca, aja koksilih dhisik!
23. Aja
mung inggah-inggih wae nanging ora...........
24. Mau
bengi ibuk njlauk wuruk nganggo WA marang adhik. Kaya paribasan Kebo nusu....
25. Bu
Siti mundhut rujak bakso. Yen digawe ukara pitakon dadi....................
26. Kahanane
kaluargane Pak Suta saiki wis bebaya, kaya ancik-ancik ing pucuke...........
27. Iwak
lele kuwi ana ing ekosistem................
28. Panggonan
kanggo ngingu iwak ing kali diarani...........
29. Pabrik-pabrik
ing Malang lan Surabaya uga ngrusak isine Kali Brantas. Kosok baline ngrusak
yaiku...........
30. Samubarat
abang ing sisih kulon pertandha wayah.............
1 Komentar
Wow, hebat mata pak guru yang satu ini. Ada juga soal Bahasa Jawa. Awesome deh, pak :)
Balas